Dening Cantrik Gunung Prau
Bumi iki duwekmu
warisan pusaka saka leluhurmu
genea kowe mung kamitenggengen
kesengsem marang kaendahan bae
garapen enggal garapen
lan rumaten
Ing kono bakal tinemu
memanak ing inten lan kencana rukmi
kang bakal dadi sangumu leladi methuk jaman kuncara
nerusake lelabuhane
kang wus wayah e ngasok ake sarira
Gong ganjur nywara jumlegur
gentha ngumandhang ing tawang
aweh tengara cetha ngedia
wakit kuwi kersane kang mbabar kelir
kebeh kudu
kudu sima gempang
sakabehing pepalang kakebdhang banjir bandhang
lan gegamaning trah kusuma satriya
bakal dadi uger-ugering jagad gumelar.
Titik
Dening Sudiyatmana
Yen panjenengan
wus namtokake
kowe kuwi titik
aja pati-pati
anggonmu arep nyalini
koma, titik koma, titik loro
tandha pitakon, apa maneh tandha pakon!
Jalaran, titik kuwi
kanggo liwat garising pasthi!
opo kowe kober anyelaki?
Titik dadi wigati
Tumprap kang ana lan semesta iki
Tanpa titik, apa bisa diwiwiti?
ora diwiwiti, apa bisa dileksani?
ora dileksani, kepriye bisane dadi pangudine?
Titik kana, titik kene
Titik kuwi satuhune titik ing titik sangkan
Paraning dumadi.
PEDHUT
Dening Sus S. Hardjono
Udan luh,
Kutho tekan ndesa – desa
Gerimis riwis – riwis
Udan tangis
Kebaking nandang sungkawa
Pada dedonga
Ing jero dada kemlebat
sang Saka
Jare Sabang sampe Merauke
Jembare
Tapi rakyate kere
Ijo royo – royo zamrute
katulistiwane
Emas putih, mas ireng
Diangkuti luar negeri
Abang jenang gula
Kudu wani bela bebener
Putih suci arum melati
Kapan reregan bisa bali
murah?
Rega-rega murah sandang
pangan
Aja mung bisa gawe ukara
ngumbar suara
Tapi piye ben rakyate ora
sengsara
Bisa turu ayem tentrem
Mawar melati kenanga
Pedhut putih leliwengan
Rakyat padha kaliren
Para pejabate rebutan
bener
Palu pengadilane wis ora
pener
Salah vonis apa tumon ?
Tetes tumetes
Luh kalabendu
Zaman owah
Pengadilan, lurah,
pilkada, politisi busuk
Rakyate mangan roti
kedaluwarso, njamuren
Duh Gusti,
Nyuwun pangapura
Urip mung nggresah lan
suloyo
Sakbendina mung tansah
kudu sabar
Bumi
Sukowati 07
YEN REMBULANE MOBLONG, PAMAN
Yen rembulane moblong, paman
aku kangen sanja menyang plataranmu
nggelar klasa sangisore wit gayam
jejadhuman karo ngematke swarane
Bocah – bocah sing padha dolanan
yen rembulane moblong, paman
aku kangen ngrunongake gumlegere guyumu
sanadyan sawah lan tegal siji mbaka
siji ilang. Sanandyan anak lanang
milih ngumbara ing paran
suthik ngopeni lemah warisan
yem rembulane moblong, paman
aku kangen nyekseni marang keteguhanmu
nggegem sawijining kapitayan. Ngadhepi
owah-owahane jaman. Kaya watu karang
sing ora nate gigrig nantang jumlegure
alun ing satengahe wahudayan
Penyebar Semangat
Nomor 50. 12 Desember 2009
Cerita Saka Mangsa
Ing Papan sarwa sakju, aku
ngangen-angen lawang gubug binuka
ana bedhiyang lan lincak
Nanging anwit wis kebacut dadi salju
guritan apa dene kekarepan
nglinthing bareng tumiyupe angin
nunjem-nunjem dom perih
sadawane wengi
kang mangka ing ngisor salju pinendhem candi
sing durung kober kababar unine prasasti
Udan Wayah Sore
udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
ora kaya nalika ing kawuri sing kebak pengarep-arep
dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles
sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
tak kanthi lakumu tumeka ngendi
mbok menawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
marakake gawe kekesing ati
manuk kepodang wus mabur mangulon
nanging tetep tak tunggu tekamu
Kekudanganku
O, ngger anak ponang jabang bayi
bebarengan tangismu kang kejer sumusup ing wengi
sira wus lahir kanthi slamet
nyawang gumelaring jagat raya
Yen sira nangis
tak emban lan tak tembangake dandang gula lingsir wengi
kapurih sira bisa turu kanthi tentrem
yen sira mesem tak kudang tak liling
o, ngger sang ponang jabang bayi
tak gadang dadiya wong kang luhur
bebudenmu ing tembe
Pepadang Bakal Tumeko
angrantu sinambi jumangkah ing dalan kang peteng
kebak sandungan
mecaki lurung kang dawa satengahing
ara-ara samun
bumi kang kapidak kebak sinengker
anggawa ganda bacin
manuk manuk dhandhang kekitrang wayah sore
peteng kang gumeleng ing angganing manungsa
wus sinerat ana ing kitab duk ing uni
pepadang bakal tumeka anggawa kabar bebungah
kanggo kita sami jalma manungsa
kang bakal amadhangi lurung-lurung
dalan dalan lan ara-ara samun
amadhangi sakendhenging jagat raya
mara gage kita sami tumeka ing angkasa
mangayubagya rawuhipun sang pepadhang
kanthi mesu raga nutup babahan nawa sanga
mangestu nampi pepadhang...
Babad wedhi Pesisir
Sirene sire jingga
wengine wengi biru
kembang pandhan mesem marang mbulan
tangane ngawe-awe sajak kemayu
apa hiya iki dayane layang atimu
sing jare bakal ditulis kalane ijen
lan sendhang mung amping-ampingan jendhela
sing wengi iki isih panggah binuka?
Biyen aku nate apal gojegmu
kepiye nalika bingung ndhedher sagenggem guritan
ing lemah suwung pinggire taman
pra ketang mbalang liring sambi mungkur
nyamudana wingkis sakehing kekarepan
nutup kudhuping kekembangan
iki babad wedhi pasir
pinaes ganda aruming mawar
rarasing riris dhadha kumes